Serat Aji Saka

Asal-usul Aksara Jawa tidak lepas dari cerita Aji Saka dengan 2  pengawalnya si Dora dan Si Sembada, cerita tersebut ada dalam Serat Aji Saka.

Ini adalah tulisan latin dari Serat Aji Saka yang telah di translate dari tulisan Aksara Jawa yang asli. Berikut hasil translate nya :




SERAT AJI SAKA

Prabu jaka miyos sinowan ing para sakabatipun wonten ing kadhaton. Kaengetan sakabat kekalih, ingkat dipun tilar wonten ing pulo majethi, Pundora kaliyan punsembada, pangandikanipun Sidora lan sisembada amedhi ora wani nusul, awit wedi anerak wawekas ingsun, eh, duga lan prayoga, siro padha menyanga ing pulo Majethi, Sidora lan Sisembada timbalana, rereksane kagungan ingsun keris konen anggawa. Sakabat kakalih munjuk sandika nyembah lajeng mangkat.
Sakabat kakalih Pundora kaliyan pusembada, ingkang sampun lami katilar wonten ing pulo majethi, sampun miring pawartos yen gustinipun dados ratu wonten nagari ing Medhang Kamulan, badhe nusul ajrih, awit welingipun Aji Saka, sapa- sapa sing nimbali kowe, utawa mundhut rereksanamu, aja gelem lan aja kok ulungake, yen dudu aku dhewe kang njaluk, wusana Pundora anerak wewaliinging gusti. Nusul boten mawi rembagan utawi sanjang dhateng kancanipun, wonten ing margi kapethuk utusan kakalih, Puncaga kalian pun Prayoga. Tiyang tatigo lajeng sami wangsul dhumateng ing mendhang Kamulan, sowan ing ngarsanipun prabu Jaka. Sang nata ndangu, eh Dora, sira teka dhewe, kancanira Sisembada ana ngendi, dene ora mbarengi lakunira. Iku apa sanabe Dora munjuk, mila kawula sowan piyambak awit abdidalem punsembada kawula ajak boten purun. Prabu Jaka sanget duka mirsa aturipun Dora kesupen bilih wonten ing ngajeng sampun andhawahaken weweling, kados ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau, lajeng ngandiko, eh Dora baliya menyang ing pulo Majethi. Timbalana Sisambada.
Yen mekase ora gelem, rereksane keris apa denesakehing sotya pundhuten yen bongga uwisna. Cangkingen endhase, katurna ing ingsun. Sira ingsun wangeni mung sapasar, Dora munjuk sandika, lajeng mangkat. Lampahipun Dora dumugi ing pulo majethi, kapanggih kaliyan pun sembada. Sembada apitaken, saka ngendi kowe Dora. Dora semaur, aku nusul gusti. Gusti ing saiki wis jumeneng ratu ana nagara ing Mendhang kamolan. Aku diutus nimbali kowe teri dasa rereksanmu kabeh, Sembada amangsuli, kapriye kowe biyen iya krungu dhewe pangandikane gusti,sapa- sapa mundhut rereksanmu aja kok ulungake, yen dudu aku dhewe, mngkono timbalane gusti. Aku karo kowe padha ngrrungu, mongka kok jaluk dhewe, dadi kowe iku nrajang bener. Ewodene sarehne padha kakancan ayo padha seba wonggoro. Dora sumaur apa kowe ora ngandel marang aku, aweh ora aweha, rereksanmu dak jaluk, Sembada sumambung, kowe iku ninggal tata, ambuwang bener, yen kok jaluk dhewe, amasthi aku ora aweh, awit kowe ora ngrungokake ujar kang bener, anurut pikirmu dhewe dora amangsuli seru, kapriye ujarmu iku. Apa kowe balela ing gusti, angur ulungna. Aja nganti nesu kang ora becik. Sembada sumaur, basamu ora enak dirungokake, kudu lumaku ginugu. Aku wedi marang kowe, wedi marang gustiku. Bok Manawa kowe ngamandaka, wis ngawula gusti liyane. Lajengipun ing saben sami tantang tinantang, wusana sami kakerengan, sudukan pejah kalih pisan.
Prabu Jaka angajeng ngajeng utusanipun, sareng sampun langkung saking antawis boten dhateng, angandika dhateng lunduga kaliyan Prayoga, eh sira padha nusula Dora menyang ing pulo Majethi. Wis kalimat saka ing antaraora ana teka. Panduganingsun anemu pakewuh utawa padu. Doga, Prayoga munjuk sandika lajeng mangkat.
Sadhatengipun utusan kakalih ing pulo majethi, angupadosipun Dora kaliyan pin Sembada, pinanggih pejah kalih pisah labetipun sami kakerengan, lajeng sami mantuk sowan gustinipun unjukipun. Kawula kautus analiki abdi dalem Pundora kaliyan punsembada, inggih sampun, nanging sami pinanggih pejah kalih pisan, labetipun sami kakepangan sudukan, Prabu Jaka anjenger midhangetaken pratelaning utusan dangu boten saged ngandika. Wusana pangandikanipun. Ingsun dhewe sing kaluputan, ing ngarep wis ingsun papacabisa karone, iku ingsun ora kelingan pisan-pisan, wekasan ingsun anggugu ature Sidora ambaboleha kekancan. Ingsun kalimput ing nepsu, anerak papacaki ingsun dhewe.
Anunten Prabu Jaka nganggit aksara jawi kalih dasa. Wondening kang kadamel uwit lalampahanipun Dora kaliyan Sembada, lanipun Dora nusul dhateng ing Mendhang Kamolan, kautus wangsul dhateng ing pulo Majethi, animbali kancanipun ingkang nama pun Sembada. Awonten  kerengan sami purunipun lajeng pejah sampyuh. Lenggah pratelanipun aksara kalih dasa punika. Hanacaraka, tegesipun wonten utusan datasawala, tegesipun anunten sami kerengan, padhajayanya tegesipun sami purunipun, magabathanga tegesipun pungkasan dados bathi. Aksara kalih dasa punika mawi kadamelaken sandhangan sami sanes- sanes ungelipun.

Post a Comment for "Serat Aji Saka"