14 Lirik Tembang Pangkur berdasarkan Serat Wadhatama


14 Contoh Lirik Tembang Pangkur berdasarkan Serat Wadhatama


14 Lirik Tembang Pangkur berdasarkan Serat Wadhatama


Berikut kami sajikan 14 lirik Pangkur berdasar Serat Wedhatama:

1

Mingkar-mingkuring akara

akarana karenan mardi siwi

 sinawung resmining kidung

sinuba sinukarta

mrih kretarta pakartining ilmu luhung

kang tumrap ing tanah Jawa

agama ageming aji



2

Jinejer ing Weddhatama

mrih tan kemba kembenganing pambudi

mangka nadyan tuwa pikun

yen tan mikani rasa

yekti sepi sepa lir sepah asamun

samasane pakumpulan

gonyak-ganyuk nglelingsemi



3

Nggugu karsane priyangga

nora nganggo peparah lamun angling

lumuh ingaran balilu

uger guru aleman

nanging janma ingkang wus waspadeng semu

sinamun samudana

sesadoning langgar manis


 .

4

Si pengung nora nglegewa

sangsayarda denira cacariwis

ngandhar-andhar angendukur

kandhane nora kaprah

saya elok alangka longkangipun

si wasis waskitha ngalah

ngalingi marang sipingging



5

Mangkono ilmu kang nyata

sanyatane mung we reseping ati

bungah ingaran cubluk

sukeng tyas yen den ina

nora kaya si punggung anggung gumunggung

ugungan sadina dina

aja mangkono wong urip


6

Uripa sapisan rusak

nora mulur nalare ting saluwir

kadi ta guwa kang sirung

sinerang ing maruta

gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung

pindha padhane si mudha

prandene paksa kumaki



7

Kikisane mung sapala

palayune ngendelken yayah wibi

bangun tur bangsaning luhur

lah iya ingkang rama

balik sira sarawungan bae durung

mring atining tata krama

nggon-anggon agama suci


8

Socaning jiwangganira

 jer katara lamun pocapan pasthi

lumuh asor kudu unggul

sumengah sesongaran

yen mangkono kena ingaran katungkul

karem ing reh kaprawiran

nora yummy iku kaki



9

Kekerane ngelmu karang,

kakarangan saking bangsaning gaib,

iku boreh paminipun

tan rumasuk ing jasad

amung aneng sajabaning daging kulup

Yen kapengkok pancabaya

ubayane mbalenjani.


10

Marma ing sabisa-bisa

babasane muriha tyas basuki

puruitaa kang patut

lan traping angganira

Ana uga angger ugering kaprabun

abon aboning panembah

kang kambah ing siang ratri




11

Iku kaki takokena

marang para sarjana kang martapi

mring tapaking tepa tulus

kawawa nahen hawa

Wruhanira mungguh sanjataning ngelmu

tan mesthi neng janma wreda

tuwin muda sudra kaki



12

Sapantuk wahyuning Allah

gya dumilah mangulah ngelmu bangkit

bangun mikat reh mangukut

kukutaning Jiwangga

Yen mangkono kena sinebut wong sepuh

liring sepuh sepi hawa

awas roroning ngatunggil




13

Tan samar pamoring Sukma
sinukma ya winahya ing ngasepi
sinimpen telenging kalbu
Pambukaning waana
tarlen saking liyep layaping ngaluyup
pindha pesating supena
sumusuping rasa jati


14

Sajatine kang mangkono

wus kakenan nugrahaning Hyang Widi

bali alaming ngasuwung

tan karem karamean

ingkang sipat wisesa winisesa wus

mulih mula mulanira

mulane wong anom sami.